B. Daerah

Pertanyaan

contoh cangkriman blenderan (plesedan) ! minimal sebutkan 5

1 Jawaban

  •            Cangkriman adalah (yaiku) unen–unen ingkang kudu dibedek. Cangkriman iku wonten pirang-pirang jenise, wonten Cangkriman Pepindhan, Cangkriman Wancahan, Cangkriman Tembang, Cangkriman blenderan, lan sakpadane.  

    Pembahasan

               Ing ngisor iki tuladhane cangkriman plesedan utawa ingkang kasebat cangkriman blenderan, antarane :  

    • Ana gajak numpak pit, kira-kira ketok apane? = Ketok ndobose.
    • Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gedhe apane? = Gedhe omongane.
    • Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang, menyang ngendi? = Dadi pitik.
    • Lampu apa nek dipecah metu uwonge? = Lampu toko sing lagi tutup.
    • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil.
    • Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah methenteng, iku apa? = Wong mikul areng.
    • Sandhal sing dakgawe iki cap RATU = sandhal gratisan (ora tuku)
    • Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
    • Wong dodol klapa dikepruki = sing dikepruki klapane, dudu wonge sing adol.
    • Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem,tegese sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati.

    Pelajari Lebih Lanjut :

    1. Cangkriman wancahan, waca ing https://brainly.co.id/tugas/12794672
    2. Cangkriman papindhan, waca ing https://brainly.co.id/tugas/4228864
    3. Tuladhane 10 Cangkriman, waca ing https://brainly.co.id/tugas/4774596  

    Detail Jawaban

    Kelas         : V

    Mapel         : B. Daerah

    Bab            : Bahasa Jawa - Cangkriman

    Kode          : -

    Kata Kunci :  Cangkriman, Jenis-Jenis Cangkriman, Blenderan, Plesedan, Plesetan.

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya