B. Daerah

Pertanyaan

Hy Assalamu'alaikum
Tolong Bantu saya Buat pidato bahasa jawa tentang lingkungan...
Sekian Terima Kasih
Wassalamu'alaikum

1 Jawaban

  • Assalamualaikum wr. wb.

    Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan saha Bapak lan Ibu guru ingkang kula urmati

    Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

    Hadirin ingkang kulo tresnani

    Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

    Hadirin ingkang kulo tresnani

    Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

    Hadirin ingkang kulo tresnani

    Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

    Hadirin ingkang kulo tresnani

    Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

    Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

    Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

    pidato bahasa jawa tentang kebersihan

    Assalamualaikum wr. Wb.

    Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
    Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
    Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
    Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
    kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
    Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
    Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

    Wassalamualaikum wr. wb

Pertanyaan Lainnya